Home » » Khotbah Jumat Bahasa Jawa - Bab Taubat

Khotbah Jumat Bahasa Jawa - Bab Taubat

Khotbah Jumat Bahasa Jawa - Bab Taubat

Hadirin sidang jum’ah ingkang berbahagia, monggo ing saat-saat pinika kita tansah nambahi raos syukur kita dumateng Alloh SWT. ingkamg sanpun ndadosaken dumateng kita sebagai umatipun gusti Nabi Muhammad SAW. lan ahami islam.

Kumpulan Khotbah Jumat


Lan monggo kita tansah ningkataken raos taqwa dumateng Alloh SWT. sarana ngelampahi sedaya dawuhipun lan nebihi sdaya awisan-awisanipun,lan monggo nambahi taubat kita mumpung kita tasih gesang saha pintu taubat dereng dipun tutup.

Kranten gusti kanjeng Nabi Muhammad piyambak ingkang sakestu dipun reksa saking maksiat lan dipun ngapura dosanipun ingkang sampun lan ingkang dereng kemawon tansah nyuwun ngapuro utawi tasah istighfar wonten ing setiap dinten mboten kirang saking setunggalatus ambalan.
Mila saking punika kirang prayogi mbok bilih kita sebagai umatipun ingkang dereng tamtu maqom kita  mboten ourun taubat  wontwen ing setiap wekdal utawi setiap saat. Keranten saestunipun  kita punik sering ngelampahi malsiat lan dosa ingkang mboten kita sengaja lan bahkan kita sengaja.

Keranten maksiat utawi dosa menika mboten perkawis ingkang ketingalan, kados dening nyolong, madon, minum, madat lan judi. Ananging maksiat punika katah sanget ingkang sifatipun sanget sirri. Utawi mboten ketawis, kados dene sifat hasut, riya’ ta’jub lan takabbur.

Mila saking puniko laku maksiat puniko mboten dipun lampahi tiyang tiyang ingkang mboten mangertos hukum, balik ingkang katah malah tiyang tiang ingkang mangertos hukum sering nglampahi maksiat ananging piyambakipun mboten keraos, kados dene merekayasa dalil  soho memanipulasi dalil ingkang supados piyambakipun mboten terjerat kalian dali dalil kalawau.

Mila saking punika mangga kita enget kaliyan semboyanipun syaiton utawi iblis ingkang ungelipun mekaten:” Aku ngrusak menungso kanti maksiat kan dosa ananging manungso ngrusak marang aku kanti kalimah tauhid lan istighfar, tetapine aku ngrusak manungso kanti hawa nafsune sing akhire manungso iku mau ora kroso, lan manungso mau akhire duweni penyana yen awake oleh petunjuk lan sakteruse deweke ora gelem nyuwun pangapuro lan istighfar, kerono deweke rumangsa wus paling bener opo sing diucapake lan opo kang wus dilakoni sarto kang wus diamalake”.

Hadirin Rakhimakumullah, mila saking punika mangga kita sampun waleh waleh anggen kita istighfar utawi nyuwun pangapuro dumateng Allah S W T. sinahoso dosa kita puniko istilahipun sampun sundul langit sak kebake bumi, ananging pangapurone Allah puniko ngemot marang sekabehe langit l;an bumi. Lan ambok bilih kito sakestu taubat nyuwun pangapuro temtu taubat kito dipun trima dininng Allah SWT.

Keranten Allah SWT. sampun ndawuhaken lan sampun nulis wonten ing ‘arsy sekawan ewu tahun sakderengipun nitahaken makhluk ingkang dawuhipun mekaten :


“Lan saktemene ingsun iku dzat kang akeh olehe paring pangapuro marang wong kang gelem taubat lan wus iman lan ngamal sholeh “.

Lan wonten ing Al-Qur’anul Karim malih dhawuhipun Allah :

            “Allah iku dzat kang nrima taubat sangka pira pira kawulane lan paring pangapura songko piro piro alane, lan Allah iku perso ing perkoro kang wus siro lskoni, lan Allah iku dzat ingkang ngijabahi ing wong wong kang wus pada iman lan ngamal sholeh”.

Saklajengipun menggah ahli hikmah: Sinten ingkang dipun paringi sekawan perkawis mangka mboten dipun cegah saking sekawan perkawis ugi:

Sinten kemawon ingkang dipun paringi puru doa ( berdo’a ) mongko piyambakipun mboten terhalang saking ijabah ( kasembadan panyuwunanipun ). Dawuhipun Allah wonten ing Al-Qur’anul Karim Surat Al- Mukmin ayat 60. 

Sinten kemawon ingkang dipun paringi purun mahos istighfar utawi pangapuro, mongko pinyambakipun saking maghfiroh(ampunan), Dawuh ipun Alloh wonten ing Al-Qur’an surat Nuh ayat 10:

Sinten kemawon ingkang dipun paringi purun utawi kerso syukur , mongko mboten terhalang tambahe nikmat tumrap piambak ipun . Dawuh ipun Alloh wonten ing Al-Qur’an surat Ibrohim ayat 7:

Sinten kemawon ingkang remen taubat utawi nyuwun ngapuro mongko piyambak ipun mboten terhalang sangking ijabah/ dipun sembadani do’a lan taubatipun . Dawuhipun Alloh wonten ing Al-Qur’an surat As-Syuro’ ayat 25:

Mila saking punika akhiripun monggo kita tansah mahos istighfar utawi nyuwun pangapura dumateng Alloh SWT. wonten ing setiap saat lan wonten pundi kemawon, sampun waleh-waleh lan anggen kita nnyuwun rohmatipun Alloh.

Akhiripun mugi-mugi kita  sedoyo dening Alloh dipun dadosaken golonganipun tiang muttaqin, zahidin, lan shodiqin, lan mugi-mugi akhiripun kita dipun paringi  husnul khotimah, Allohumma Amiin yaa robbal ‘alamiin. 

0 komentar:

Post a Comment

RSS Feed

Top  blogs

Popular Posts